Cerita Prabu Rahwana
Cerita Prabu Rahwana
Prabu Rahwana utawa Dasamuka ratu ing Ngalengka iku wujud raseksa. Duwe adhi telu yaiku Kumbakarna, Sarpakenaka, lan Gunawan Wibisana.
Kumbakarna wujud raseksa nanging becik budine, Sarpakenaka buta wadon kang kukune landhep mawa wisa, lan Gunawan Wibisana manungsa biyasa mengagumkan rupane.
Prabu Rahwana sekti mandraguna nanging duwe etika angkara murka. Senadyan wis duwe bojo widadari, isih nyolong garwane Prabu Rama, yaiku Dewi Sinta.
Amarga kalakuane kang ala kuwi, Ngalengka diserbu dening bala kethek, prajurite Prabu Rama. Para raseksa balane Rahwana ditumpes tapis dening wadya kethek.
Komentar
Posting Komentar