Jenenge Penggawean
Jenenge Penggawean
algojo | Tukang ngukum pati |
babu | Wong wadon sing gaweane momong sak panunggalane. |
bajag | wong sing gawene begal ing segara |
bakul | Wong sing gaweane dodol barang (cilik-cilikan) |
batur | Wong sing gaweane ngrewangi pagawean. |
begal | Durjana (maling) ing dalan sepi |
bendung | Wong sing gawene mbendung |
blandong | Tukang ngegor kayu (ing bantalan lan sakpanunggale) |
blantik | Bakul kewan (rajakaya, manuk, lan sakpanunggale) |
buruh | Wong sing nyambut gawe ngalap opah. |
cantrik | Abdine pandhita ngiras dadi muride |
dhalang | Wong sing gaweane nglakokake lan nyritakake wayang. |
dokter | Wong sing gaweane ngobati wong lara. |
emban | Wong sing gaweane momong bocah. |
empu | Wong kang pinunjul/ boten wani di lawan (pujangga, ahli, lan sakpanunggale); pandhe |
gamel | Tukang ngopeni jaran |
gandhek | Utusan ratu (gaweane nglantarake dhawuh) |
gemblak | Tukang gawe barang kuningan |
gerji | Tukang ndondomi klambi |
germa | Tukang mberburu kewan (ing alas) |
guru | Wong sing gaweane mulang muruk ing pamulangan |
jagal | Tukang nyembeleh rajakaya |
jlagra | Tukang natah watu |
juragan | Sudagar gedhe; lurahe pakaryan |
Juru basa | Wong sing pinter negesi basa ngamanca/ jobo negoro |
Juru dang | Tukang adang |
Juru kunci | Wong sing gaweane ngrumat pasarean (papan kramat) |
Juru tambang | Tukang nglakokake prau gethek ing kali |
Juru silem | Wong sing gaweane nyilem ing segoro. |
Juru sungging | Wong sing pinter nyungging (nggambar) |
Juru terbang | Wong sing gaweane nglakokake motor mabur |
Juru tulis | Wong sing gaweane nulis ing kantor |
kemasan | Tukang gawe dandannan mas inten |
koki | Tukang olah-olah |
kondektur | Tukang nariki lan mriksa karcis ing bis (sepur) |
kundhi | Tukang gawe grabah |
kusir | Tukang nglakokake dhokar (kreta) |
kyai | Wong sing pinter episode agama Islam; sebutane pusaka |
Madhaharan | Juru olah-olah |
malang | Pulisi desa |
mandhor | Wong sing dadi pangarepe kuli |
masinis | Tukang nglakokake sepur |
merbot | Punggawa mesjid |
molang | Bakul rajakaya |
montir | Tukang ndandani mesin |
mranggi | Tukang gawe wrangka/ wadhah keris utowo pusoko |
Niyaga, wiyaga | Tukang nabuh gamelan |
pacalang | Prajurit kang gaweane nglutakae utowo nametake lakune musuh |
pakathik | Tukang nuntun jaran |
Palara-lara | Para nyai cilik (enom) |
palayang | Tukang ngeterake layang |
pandhe | Tukang gawe barang wesi |
panegar | Tukang ngajari jaran |
panjak | Tukang ngladeni pande; niyaga |
pangobeng | Wong kang buruh ngobeng (mbathik) |
para | bakul mas inten |
parekan | Para nyai kang katengen utowo dimanja (ing kraton) |
pasindhen | Wong kang nyindheni (mbarengi nembang) gamelan |
pawongan | Batur wadon |
prajurit | Wong sing pagaweane bela Negara |
pramugari | Wong sing gaweane ngladeni ing montor mabur, sepur, bis lan sakpanunggale. |
pramuwisma | Wong sing gaweane ngrewangi pagawean bale omah |
sarawedi | Tukang adol utowo nggosok inten berleyan. |
sayang | Tukang gawe barang tembaga |
sekater sinden | Tukang naksir (nawarake) ing pagadhean Wong sing pakaryane nyanyi |
sinoman | Wong (nom-noman) sing gaweane laden |
srati | Tukang ngrumat (ngupakara) gajah |
sudagar | Wong dagang (gedhe) |
supir | Tukang nglakokake montor |
undhagi | Tukang gawe bekakas kayu. |
Jenenge Penggawean
Komentar
Posting Komentar